Jumat, 07 September 2012

BARONG BANYUWANGI



BARONG BANYUWANGI


KESENIAN BARONG

Wong Banyuwangi iku seru dhemene nyang kesenian. Mula sing mohal kadhung ring Banyuwangi akeh anane kesenian, kayata : Gandrung, Damarwulan, Jaranan,  Barong, lan liya-liyane. Kesenian Barong wujude kaya kesenian Topeng naming topeng kang bias nutupi sak awak, mulai teko endhas sampek sikil ditutup.. Wujude raine apik  tapi setengah medeni. Matane mendelik mencorong, rambute jibros, cangkeme merongos, siyunge nyocok, jenggot lan berengose nyerodok, kupinge mangklang, seriwi ndhaplang. Ring ndhuwur endhase ana makuthane, kelire maneka warna. Ana abang, putih, ijo lan kuning, , la nana ugo cemeng lan prodo (brom). Sing dijugedaken bain medeni, paran maning kadhung dijugedaken. Aju jugedane jimprak-jimprak kaya arep nguber. Pokoke lare cilik sawanen kadhung buru weruh.

SKETSANE NDASE BARONG

Barong iku dudu kanggo nggambaraken menungsa, naming perlu nggambaraken sebangsa kewan utawa mahluk teka alam alus, dudu muja bangsa alus, naming wong bengen rumangsa kadhung ring alam iki ana alam kasar uga ana alam alur. Alam kasar iku alam kang katon mata, alam alus yaiku alam kang sing katon mata. Menungsa uga gedigu. Duwe jasad kasar lan jasad alus. Jasad kasar iku rupa tangan, sikil lan sepiturute, jasad alus iku roh. Seteruse ring alam iki ana alam cilik lan alam gedhe. Alam cilik iku menungsa, alam gedhe iku jagad. Dadi alam kasar lan alam alus, jasad kasar lan jasad alus, alam cilik lan alam gedhe iku setemene nyawiji. Mula wong bengen nganggep penting ngerumat harmoni rong alam kang beda mau. Wujude, antarane nganggo kesenian barong.
Ring Endase Barong ana Jamange.Jamang nurut wikipedia yoiku ukiran teko ornamen wit-witwan ngerambat kang distilir didadekaken hiasan ana ring ndase barong

BARONG BENGI LAN BARONG NGRAINO
Kesenian barong ring Banyuwangi ana rong macem. Ana barong kanggo ngarak, lan barong kanggo dipentasaken kang ana lakone. Dulur Kemiren lan saubenge ngarani barong kanggo ngarak iku “barong ngeraina” polahe biyasahe ngarak penganten utawa lare sunat iku wayah raina. Kadhung barong kang dipentasaken diarani ‘barong bengi’ polahe biyasahe dimainaken wayah bengi.

BARONG NGRAINO

Foto: Kangson

Barong ngeraina, akeh-akehe wong wis pating weruh kadhung barong bengi arang kang weruh lan ngerti polahe kesenian iki anane mung ring Banyuwangi dhaerah lor kulon. Persise ring desa-desa saubenge Kemiren Kecamatan Glagah. Barong bengi nganggo kubung, naming sing kathik genjot polahe ring ahir pentas wayah jam 3 isuk, ana macan-macanan kang ndadi. Kang apik maning ring kesenian barong iki antarane penonton lan pemain bisa omong-omongan kaya dene kesenian Lenong Betawi.

Kesenian iki duwe ciri has kang sing ana ring kesenian liyane yaiku bab sesambungane kang raket ambi leluhur pepundhen desa. Kerana sesambungan kang raket iku wis dadi yakine, angger arep tanggapan sing wani ninggal pamitan nyang Buyut. Malah kanggo dulur-dulur Kemiren, nguri-uri kesenian barong iku dudu mung kanggo nggolet picis, naming wujud tanggung jawab njaga keselametane desa. Njaga timbange alam kasar lan alam alus, alam lair lan batin.

Kerana niyate ngerumat barong iku wujud sesambungane nyang leluhur pepundhen desa, mula antara grup siji lan liyane sing tau kedaden tukaran, jugil-jugilan, bangkel, paran maning duwe karep ngebes grup liyane. kang kedaden tmume pada tulung-tinulung nyang grup liyane. Mula setemene kesenian barong iki keneng dienggo tuladha ambi kesenian liya mergane nguri-uri lan ngerumat kesenian iku dudu mung perlu nggolet picis, naming kanggo tujuan kang lebih dhuwur lan luhur
Ditulis maning nong : Moh. Syaiful teko Hasan Basri lan sumber liyane


Jawaben soal iki, sak mareke maca Bab Barong ring dhuwur!
1.       Sak liyane Kesenian Barong kesenian paran bain kang nganggo lakon/cerita?
2.       Wujude Kesenian Barong iku koyo Topeng, topeng klendi kang dimaksudaken?
3.       Sakliyane Ukiran,   barong ugo dikelir Ana pira Kelire  barong iku, sebutna!
4.       Paran kang dimaksud Jamang?jelasno!
5.       Barong iku arupo kewan kang sikile 4 naming nganggo suwiwi,  Sebutno bagian-bagiane Barong iku!